Kamis, 06 November 2025

sesorah / Tanggap Wacana

Sesorah/Tanggap Wacana
1.Pangerten 
Sesorah yaiku micara gagasan utawa panemu sarana lisan ana ngarepe wong akeh. Sesorah ana ing Bahasa Indonesia jenenge pidato. Sesorah iku katindhaake ana ing acara formal.Sesorah katindakake wong jawa.utamane menawa ana upacara adat.Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku :

a.Upacara mantenan jangkep.
b.Sunatan ( Supitan )
c.upacara sedekah gunung, lan sapanunggalane.

2.Jenis Pidhato/Sesorah
a.miturut gunan, sesorah kabagi dadi piranh-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang kudu antuk tanggapan)
b.miturut ancase pidato
1.atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp
2.pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiaraa, pramila bab i gkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lansakpanunggalane.
3.atur panglipur/hiburan ( ancasipun supadoa ingkang mirengaken remen penggalihipun)
Tuladha:ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
4.Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados.kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan

3.Perangane Sesorah
Supados anggenipun sesorah saget runtut,prayogane mangerteni rantamane sesorah.rantamane sesorah yaiku :
A.Uluk Salam(nuqun,kulanuwun, sugeng ndalu lan sanese )
B.Purwaka( puji syukur kagem gusti lan panuwun kagem para tamu)
C.Isi / wigatining atur ( ngandarake ancasing acara kang dipuntindakaken)
D.Pangarep - arep ( panyuwun utawi pangajeng - ajeng saking tiyang kang kagungan kersa dhateng para tamu )
E.Panutup(isi atur panuwun )

4.Cengkorongane Sesorah
Urutane Cengkorongan
a.salam pembuka ( ngucapake uluk salam)
b.purwaka(isine ucapan syukur)
c.isi/wigatining atur( bab apa wae kang badhe diaturaken )
d.pangarep - arep ( isine bab lang diauwunake marang para tamune umpamane donga lan pitutur.


Tuladha
Bab : Atur Pambagya “Supit”

Assalamualaikum wr wb
Sugeng Dalu para rawuh…

Dumateng Para Bapak, para Ibu, ingkang kula hormati. Ugi para rawuh sedaya Kakung saha putri ingkang Kula tresnani.

Kaping setunggal, mangga Kula panjenengan Kila derekaken sareng muji syukur dumateng ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi Ingkang sampun maringi  rahmat lan kanikmatan dumateng kula lan panjenengan sedaya.

Kaping kalihipun Sholawat saha salam kunjuk dumateng Nabi agung Nabi Muhammad SAW.

Kaping tiganipun kula nyuwun agunging pangaksami amargi sampun wantun, matur wonten ngajeng panjenengan Sedaya. 

Para rawuh ingkang Kula hormati, minangka sesulih saking Bapak ugi ibu, Kula ngaturaken Sugeng  rawuh wonten ing Gubuk kula menika, Kula nyuwun duka ingkang Ageng, mbok bilih wonten suguh utawi gupuh ingkang kirang mranani penggalih. 

Para rawuh ingkang Kula hormati, ancasipun panjenengan Sedaya dipun aturi rawuh wonten dalem mriki nggih menika , nyuwun pangestunipun ugi nyekseni anggenipun Adik Kula Nami : Surya Saputra ingkang sampun ngancik dewasa, nglampahi wajibing lare jaler, inggih menika Selam utawi Supit. Alhamdulillah, anggenipun Supit sampun paripurna, Mugi enggal pulih sarta angsal barokahipun Gusti ingkang murbeng dumadi. 

Para rawuh ingkang kula hormati, 
Cekap semanten, Kula matur, sak lajengipun, para rawuh dipun aturi, dahar kembul, sak wontenipun. Kawulo sumanggaaken, nuwun. 
Wassalamu'alaikum wr. WB. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar