Dalam serat Wedhatama terbagi menjadi 100 pupuh yang dibagi dalam 5 lagu berisi falsafah kehidupan.
Pupuh 1
Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengakese dur angkara
Terjemahan :
Ilmu itu
Tercapainya dengan cara laku (olah diri)
Permulaannya dengan sungguh-sungguh
Maksudnya sungguh-sungguh mengukuhkan tekad (tujuan)
Setia (terus-menerus) mengolah budi (dalam) memberantas angkara murka (sumber keburukan)
Pupuh 2
Angkara gung neng angga anggung
Gumulung
gegolonganira, triloka leker kongsi
Yen der umbar ambabar dadi rubeda
Terjemahan:
(Yakni) angkara besar
Yang bertempat dalam diri (badan) yang selalu
Bergulung-gulung
Yang jenis-jenisnya menjangkau atau menempati tiga dunia dalam diri (tempat representasi nafsu berpusar)
Karena jika dibiarkan merebak bisa memunculkan bahaya atau keruwetan
Pupuh 3
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama
Terjemahan:
Berbeda dengan yang sudah jatuh hati pada hal kebaikan,
perilakunya selalu penuh kehati-hatian pada perilaku yang keliru
Selalu sabar (tenang) berusaha tetap menjalani kehidupan di jalan yang baik dan benar.
Pocung Cangkriman
Bapak pocung urut dalan membat mentul.
Dawa kaya ula.
Ing tengahe kempas- kempis.
Prapting wisma si pocung kanggo dandanan
Batangane : mikul andha
Bapak pocung bisa nggereng bisa mbengung.
Ngambah jumantara.
Kaya manuk rajawali.
Wira- wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane :Motor mabur
Bapak pocung bleger sirah lawan gembung.
Tansah kinunjara.
Sasat mati jroning urip.
Metu krangkeng bisa urip sagebyaran
Batangane :Penthol korek
Bapak pocung cangkemmu madhep mandhuwur.
Sabamu ing sendhang
Pecokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah kuwayan.
Batangane :Jun / klething
Bapak pocung renteng- renteng kaya kalung.
Dawa kaya ula.
Pencokanmu wesi miring.
Yen lumaku si pucung ngumbar swara
Batangane :Sepur
Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.
Badanira panjang.
Tutukira pan pesagi.
Dina- dina pocung nedha buntutira.
Batangane :Setut/sabuk
Bapak pocung isih enom klambi gadhung.
Yen wes rada tuwa.
Si pocung klambine kuning.
Tuwa pisan si pocung klambine abang.
Batangane :Mlinjo
Bapak pocung dudu watu dudu gunung.
Sabamu ing alas.
Ngon- ingone sang bupati.
Prapteng marga si pocung lembehane grana
Batangane :Gajah
Bapak pucung rodha papat bisa mbengung
Wujud kothak dawa
Nguntal barang sakabehing
Yen wes nggereng banjur lunga tanpa kandha
Batangane :Truck
Bapak pocung mlungker-mlungker dudu kalung, manggonmu neng tangan, jarum mlaku rina wengi, ngembrug wektu si pocung kagungan guna.
Batangane :Jam tangan
Bapak pocung anane ing tanah kudus, pinter nyimpen toya,
mangka tumpakaning jalmi,
gigir mrenjul suku panjang gulu dawa.
Batangane :Unta
Bapak pocung bunder-bunder saka pohung,
isi gula jawa,
Dimaem rasane legi,
mung ing Jawa panganan iki anane
Batangane : Jemblem
Bapak pocung tanpa untu darbe siyung,
badanira panjang,
namung tutuk lan netra kadulu,
sinuduk netrane kalih ngemah-ngemah.
Batangane : gunting
Tidak ada komentar:
Posting Komentar